Tuesday 11 March 2014

Contoh Naskah Pidato MC Bahasa Jawa - NguRi" BudoYo'ne WonG JoWo"



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
الْحَمْدُلِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ٬ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أعْمَالِنَا٬ مَنْ يَّهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُظِلَّ لَهُ٬ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ٬ أَشْهَدُ أنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شريْكَ لَهُ٬ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ. أَمَّا بَعْدُ.

Þ      Dumateng panjenenganipun al-mukarom panjenenganipun Bpk.KH. (...................), ingkang tansah kulo to’ati menggah fatwa soho do’anipun,.
Þ      Dumateng panjenenganipun panjenenganipun  Bpk. ........ minongko sangking pengasuh pondok pesantren (......................) ingkang tansah kawulo mulyaaken,
Þ      Dumateng pangersanipun poro bapak, poro ibu, hadirin wal hadirat ingkang tansah dipun rohmati Alloh.
Langkung rumiyin, monggo kito tansah muji syukur dumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten karohmatan, kesehatan, soho inayahipun dumateng kulo lan panjenengan sami, sahinggo wonten ing wekdal dalu  puniko kito sedoyo saged makempal wonten ing papan majelis puniko kanthi mboten wonten alangan satunggaling punopo.
Kaping kalehipun, Sholawat soho salam mugi tansah katetepaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. Lan mugi-mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang nampi syafatipun wonten ing yaumil qiyamah. Allohumma....amiiin. “Allohumma Sholli ‘Alaa Sayyidina Muhammad”.
Dumateng poro bapak, poro ibu, hadirin wal hadirot ingkang tansah kawulo hormati soho kawulo minulyaaken. Kepareng kawulo ing mriki badhe maosaken menggah susunan pra acara wonten ing wekdal dalu puniko:
1.      Adicoro ingkang sepindah,  inggih puniko pembukaan.
2.      Ingkang kaping  kaleh, inggih puniko waosan ayat Suci Alqur’an.
3.      Ingkang kaping tigo, inggih puniko Tampilan Santri Madrasah Kuliyyatul Islami.
4.      Ingkang kaping sekawan, inggih puniko Tampilan Sholawat Hadroh.
5.      Ingkang kaping gangsal, utawi adicoro langkung terakhir, inggih puniko panutup.

Mekaten wau menggah pra acara ingkang badhe kito lampahi, pramilo gegandengan wekdal sampun ragi dalu monggo-monggo pra acara puniko kito bika sesarengan kanthi waosan umul kitab kawulo derekaken, “ala hadiniyah, wa ‘ala kulli niatin sholihah” Al-fatihah ......... (selesai). Mugi-mugi kanthi barokahipun waosan ummul kitab kolo wau sagedto mbeto lancaripun pra acara wonten ing wekdal dalu puniko. Allahumma...Amiiiin.......

Þ     Mlebet Pra acara ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Alqur’an, pramilo sakmeniko dumateng (................) kawulo sumanggaaken. .........(selesai). mekaten kolowau waosan ayat Suci Al-qur’an saking panjenenganipun (..................) mugi-mugi saget ndadosaken kesaenan kito lan panjenengan sedoyo. Amiiin.....

Þ     Adicoro engkang saklajengipun inggih puniko, tampilan lantunan khotmul imrithi sangking poro santriwan-santriwati saking pondok pesantren (................), pramilo sakmeniko dumateng poro santri kawulo sumanggaaken.......(selesai). mekaten wau tampilan-tampilan sangking santriwan-santriwati pondok pesantren (...............).

Þ     Adicoro inggkang saklajengipun, inggih puniko tampilan sholawat hadroh sangking (...............) pramilo dumateng rencang-rencang saking (..................) kawulo sumanggaaken....... (selesai). mekaten wau waosan sholawat hadroh sangking (.....................) ingkang sampun kalempah.

Þ     Adicoro ingkang sak lajengipun, inggih puniko panutup, ananging sakderengipun dipun tutup, mugi-mugi kemawon sangking poro santri mriki ingkang sampun ngetingalaken tampilan kolo wau, saget dadosno santri-santri ingkang sholeh, sholihah lan ing benjangipun sagedto migunani dumateng nuso bongso lan agami. Allahumma Amiiin......

Þ     Lan sak lajengipun, mbok bileh wonten klenta-klentunipun, kalepatan soho kekirangan anggen kawulo matur, kawulo nyuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah–kathahipun, lan mongo-monggo pra acoro puniko kito tutup sesarengan kanthi waosan hamdalah................ (selesai).

Mekaten kolowau ingkang saged kawulo aturaken.....

.أَخِيْرًا اَقُوْلُ لَكُمْ٬ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وبَرَكَاتُهُ

No comments:

Post a Comment